Kamis, 08 Mei 2008

basa ngoko lan basa krama

Basa Ngoko kaperang dadi loro yaiku :
1. Basa Ngoko lugu 2. Basa Ngoko Alus/andhap

A. Basa Ngoko Lugu : tembung-tembunge ngoko kabeh
tuladhane : Aku mengko arep lunga menyang Surabaya karo adhiku sing ragil.
Masyarakat sing nganggo yaiku :
- Gunemane bocah padha bocah.
Tuladhane : - Nin kowe dhek wingi apa dolan menyang omahku?
- Gunemane wong tuwa marang wong enom
Tuladhane : La iya, wong dituturi kok ora nggubris njaluk diapakake ta Mar.

Tidak ada komentar: