Minggu, 13 April 2008

Pangkur

mingkar mingkuring angkara
akarana karenan mardi siwi
sinawung resmining kidung
sinuba sinukarta
mrih kretarta pakartining ngilmu luhung
kang tumraping tanah jawa
agama ageming aji