Senin, 19 Mei 2008

Basa Ngoko Alus/Andhap

Basa Ngoko Alus/andhap.
Basa ngoko sing kacampuran krama alus.
Titikane : a. Awake dhewe panggah ngoko wong liya dicampuri krama alus
b. Tembung kowe disalini panjenengan
c. Ater-ater lan panambang ora dikramakake, di panggah di, ake panggah ake
Tuladhane :
Kowe mau apa wis mangan temenan (Ngoko lugu/biasa)
Panjenengan mau apa wis dhahar temenan? (ngoko alus/andhap)

Sing nggunakake : Kanca padha kanca sing wis akrab nanging luwih ngajeni.
(dudu bocah padha bocah)

Basa Ngoko Alus/Andhap

Kamis, 08 Mei 2008

basa ngoko lan basa krama

Basa Ngoko kaperang dadi loro yaiku :
1. Basa Ngoko lugu 2. Basa Ngoko Alus/andhap

A. Basa Ngoko Lugu : tembung-tembunge ngoko kabeh
tuladhane : Aku mengko arep lunga menyang Surabaya karo adhiku sing ragil.
Masyarakat sing nganggo yaiku :
- Gunemane bocah padha bocah.
Tuladhane : - Nin kowe dhek wingi apa dolan menyang omahku?
- Gunemane wong tuwa marang wong enom
Tuladhane : La iya, wong dituturi kok ora nggubris njaluk diapakake ta Mar.